Jumat, 11 Februari 2011


Wagiman Hardjosentono

Dagelan kang nggegirisi

Donya wis tuwa
Paningal wis wuta
Pangrungu  wis budheg
Pangrasa wis sirna

Lakon nggegirisi dadi panglipur saben dina
Kaya sandiwara kang didol ing pinggir-pinggir marga
Dudu ledhek munyuk, dudu jathilan kang ndadi, disuwuk mari

Iki dananjaya kepanjingan iblis
Nyawane manungsa ming kaya semut nemu legen
Ilang ora krasa
Kesampar kesandung

Dagelan kang diarep-arep bisa gawe guyu,
Dadi panganti-anti, wis ora lucu
Nanging luh kang tumetes, tangis kang riwis-riwis
Dadi tembang kang nelangsa
Awit pengarep-arep kang mung cukup dadi pengarep-arep
Sida musna, kaya uwuh kang katiup angin
Sinamber geni kang mangalad-alad

Dagelan iki wis nggegirisi
Guyu-guyu iki wis tanpa rai
Awak-awakan ini wis tanpa sukma
Lakon dudu mung saderma dilakoni
Nanging dadi crita kang kudu dilakoni
Apa-apa
Sapa-sapa

Nov’09









Apa wis tumeka titi wanci
Yen  langen beksa iki sinuwuk
Apa paraga kang wis lungkrah
Apa para pradangga kang kentekan gending
Apa para pamirsa kang wis padha sebah, bali siji-siji

Ati kang tak tatag-tatagake
Tetep isih mangro
Awit crita iku durung tinemu kenthang kimpule
Sapa seleh, sapa salah durung terwaca

JIWA KANG SEPI TANSAYA SEPA


Wagiman Hardjosentono
JIWA KANG SEPI TANSAYA SEPA

Nalika inten jroning awak iki wus tinutup langes
Donya nandhang grahana
Teken iki durung bisa tak cekeli
Obor kang pelik-pelik mung cukup kanggo madhangi pandom
Jangka kang jinangkah isih tangeh lamun
Jangkah kang semu cupet krasa mamang
Karep kang kebak ing pangarep-arep dadi mangro, nglokro

Oh, ora … ora…
Aku isih duwe Gusti
Pangarep-arep isih ana nadyan cilik
Dhuh Gusti nyuwun ngapura…

Tembang mancarawat isih dumeling rawas-rawas
Tembang maskumambang wus kliwat
Sinom meh sinuwuk
Tembang gambuh keprungu tansaya sora
Tembang asmaradana iki tansaya nganyut-anyut, ngiris ati
Lemut kebon saya ngiwi-iwi ngreridu ati

Dhuh Gusti nyuwun ngapura…

Ati  kang sepi ing panrima iki tansaya ngombro-ombro
Panyawang kang suwung krasa nglangut
Jiwa kang sepi tansaya sepa

Dhuh Gusti nyuwun ngapura…

July ‘10