Wagiman Hardjosentono
JIWA KANG SEPI TANSAYA SEPA
Nalika inten jroning awak iki wus tinutup langes
Donya nandhang grahana
Teken iki durung bisa tak cekeli
Obor kang pelik-pelik mung cukup kanggo madhangi pandom
Jangka kang jinangkah isih tangeh lamun
Jangkah kang semu cupet krasa mamang
Karep kang kebak ing pangarep-arep dadi mangro, nglokro
Oh, ora … ora…
Aku isih duwe Gusti
Pangarep-arep isih ana nadyan cilik
Dhuh Gusti nyuwun ngapura…
Tembang mancarawat isih dumeling rawas-rawas
Tembang maskumambang wus kliwat
Sinom meh sinuwuk
Tembang gambuh keprungu tansaya sora
Tembang asmaradana iki tansaya nganyut-anyut, ngiris ati
Lemut kebon saya ngiwi-iwi ngreridu ati
Dhuh Gusti nyuwun ngapura…
Ati kang sepi ing panrima iki tansaya ngombro-ombro
Panyawang kang suwung krasa nglangut
Jiwa kang sepi tansaya sepa
Dhuh Gusti nyuwun ngapura…
July ‘10
Tidak ada komentar:
Posting Komentar